Selasa, 23 Desember 2008

KAWRUH DUMADING MANUNGSA

KAWRUH DUMADING MANUNGSA

Sekar Dhandhanggula

Duk ing nguni ujar para winasis
Dumadining manungsa sakjagat
Kun fayakun sasabdane
Gusti Allah Maha Agung
Kang kacipta tumuli dadi
dhisik dhewe swasana
Nuli cahyanipun
Gusti Allah amasesa
Anyunari candra kartika myang rawi
Sakambaning swasana.

Nuli tirta Kamandanu mijil
Witing urip keh isining jagat
Kang wujud sari-sarine
Surya lan kamandanu
Sang Maruta yekti mratani
Sasaring maruta
Ireng warnanipun
Kang asma Manik Ismaya
Sari soroting surya rekta awarni
Asma Sang Manik Mulat.

Sari tirta kamandanu iki
Warna seta ran Manik Idama
Manunggaling manik kabeh
Tri Murti wastanipun
Sampurna yekti Dumadi
Kang nduwur Guru Loka
Sisih tengahipun
Ingkang asma Endra Loka
Jana Loka neng ngandhap dunungireki
Asarira Bathara

Tri Murti kang sumebar mratani
Ing akasa kacipta dumadya
Mahluk raga Cahya rane
Ing darat kang tumuwuh
Tetuwuhan myang satoweni
Jron bumi tuwuh dadya
Materi puniku
Wujud barang pamelikan
Wesi waja emas perak manik-manik
Tan gingsir owah

Dene kotoran maruta iki
Kasorot bentering bagaskara
Nuli malih dadi cuwer
Kang alus mili ngumpul
Yekti dadya pusating bumi

Inggih buwana punika
Kang kasar ya ngumpul
Aneng sisih pinggirira
Sampurnane dadi tirta Jalanidhi
Ing tengah wadhukira

Inggih asmane catur anasir
Inggih sadaya sari-sarinya
Agni tirta bantalane
Kapat marutanipun
Sampurnane manungggal yekti
Dadya wewadhagira
Wulu kulit balung
Daging otot lan ludira
Sampun pepak sampurna catur anasir wewadhaging manungsa

Guru Loka apa kang sayekti
Ngen angen nalar pikir lan akal
Endra Loka panganggone
Panca driya satuhu
Lawan rasa nepsu nireki
Kang nama Jana Loka
Rasa mulyanipun
Saking mriku mijilira
Tumuruning manungsa jalu lan estri Ngebaki jagat raya

Terjemahan lagu tentang ilmu terjadinya manusia
( Kawruh Dumadining Manungsa )

Dahulu kala kata para bijak
Terjadinya manusia di dunia
Kun Fayakun sabdaNya
Allah Yang Maha Agung
Apa yang dikehendaki lalu jadi
Yang pertama keadaan
Kemudian cahayanya
Gusti Allah yang berkuasa
Minyinari bulan bintang dan matahari
Seluruh angkasa raya.

Kenuddian Air kendhi keluar
Pepohonan hidup banyak mengisi bumi
Yang berupa intisarinya
Sinar dan air kendhi
Sang Angin sungguh merata
Inti sarinya angin
Hitam warnanya
Yang bernama Manik Ismaya
Inti sinar surya berwarna merah
Bernama Manik Mulat.
Inti sari air kendi
Warna putih dan inti keinginan
Bersatunya semua ini
Tri murti namanya

Kesempurnaan yang sungguh-sungguh terjadi
Yang diatas Guru Loka
Ditengahnya Yang bernama Endra Loka
Jana Loka dibawah tempatnya
Itulah bertubuhkan Bathara.

Tri Murti yang menyebar merata
Di angkasa tercipta kejadian
Mahluk yang bertubuh Cahaya namanya
Di darat yang bertumbuh
Tumbuhan dan binatang
Di bumi tumbuhan jadilah
Itulah yang tertancap
Wujud benda yang mempunyai maksud
Tak boleh gerak berubah

Sedangkan kotoran angin ini
Tersinari kecepatan cahaya matahari
Kemudian berubah menjadi encer
Yang halus mengalir berkumpul
betul-betul menjadi pusat bumi.

Yang kasar juga berkumpul
Disebelah pinggirnya
Yang akhirnya menjadi lautan
Ditengah perutmu.

Yang dinamakan empat unsur
Ya semua inti sarinya
Api, air, tanah keempatnya angin
Kesempurnaan sungguh2 bertemu
Jadilah badan kasarnya
Bulu, kulit, tulang, daging, otot dan darah
Sudah lengkap sempurna empat unsur Badan Jasmani manusia.

Guru Loka apa yang sungguh2
Angan-angan nalar dan pikiran
Endra Loka pakaiannya
Lima indra sebenar-benarnya
Juga rasa nafsu manusia.
Yang bernama Jana Loka
Rasa kemuliaan
Dari situlah keluar (jadi)
Yang menurunkan laki-laki dan perempuan
Memenuhi alam raya.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar