Selasa, 23 Desember 2008

NGAMBAH ALAM SUNYA RURI

NGAMBAH ALAM SUNYA RURI

Merema Sing Ndipet

Manawi miturut pamanggih kula, ingkang tumindakipun sarwa-sarwi sruwat-sruwut, srengkat-srengkot, rupak ing pangerti (manawi ginagas tansaya ngranuhi), rungsit (rekaos marginipun), tur remit (bebasan madosi susuhing angin), werit (tebih sarta awrat kajangka gegayuhanipun), wedharanipun rerumpakan “merema (mripat) sing ndhipet” punika mengku suraos bilih nalika laku patrap semedi, meleng cipta, manembah lan memuji asmaning Hyang Suksma Kawekas, tiyang kedah resik ing pangangen-angenipun, nora kasisiban ing pangajeng-ajeng, ateges estu kedah suwung tanpa paminta punapa-punapa.

Sanadyan ta gelenging pikir namung angesthi kanugrahaning Gusti, punika sayegtosipun teksih saged kinaran minangka salah satunggiling patrap ingkang taksih ngemu pamrih. Manawi taksih jelalatan gicu, pamawasipun saged benten kaliyan panggraitanipun, ingkang sami winejang meksa taksih badhe wonten bundhel nalaripun, temahan sami salang-surup dereng saged hanampeni sasmitaning ngelmi ingkang winedhar.

Patrap mesubrata utawi mesuraga kedah estu-estu namung sumarah wasesane Hyang Kang Akarya Jagad ngantos weninging jiwa karaos wus nyep ubaling napsu kekajenganipun, sucining jiwa akarya nyawiji mring Hyang Widdhi, kawastanan Loroning Atunggal. Tentreming batin dumunung ana ing sireping karep. Manawi hardhaning karep wus kinekes, ing pangajab sageda manjing ing alam Sunya-ruri. Wonten pepenget mrih samya waspadha kang dinulu, amargi jejering Suksma Murba, inggih dzat ora kasad mata, ora sipat, ora asma, tan kena kinaya ngapa, punika anglimputi sabarang kalir ingkang gumelar ing jagad raya.

Ngeremake mripat sadhipet tamtu mboten ateges nglirwakaken kawaspadhan (kawaos: sureming wawasan ingkang bener lan pener), amargi icaling kawaspadhan mahanani sirnaning wawasan jroning batin. Hewadene wawasan ingkang sampurna pandulunipun mboten mangro tingal, teguh tumuju arah sawiji tan mulad ing jiwa lan raga, kandheg makartining karep kang bener, wus asikep kawaspadhan pamawase mring Hyang Widdhi Wasa wonten ing salebeting alam Sunya Ruri. Kaserat ing Pustaka Centhini VIII, rinakit ing salebeting pupuh 536:

Tinggal jati anirnakake liring,
Liring awas murciteng paningal,
Sun sinun ketingal mangke,
Tingal jati andeh tan liring,
Katingal kang sun tingal,
Muhung kang kadulu,
Inggih ugi awakira,
Kang kadulu yen dinulu tan kekasih,
Layap paraning tingal,
Sampurnaning tingal tanpa pamrih,
Tan mulad ing jiwa raga,
Tingale wus brasta kabeh,
Kebeh luyut tan emut,
Kandhek tingale karsa jati.

Kawontenan alam Sunya-ruri kasanepakaken kadya “urubing geni kang kinurung”–murub manther tan obah, tan mosik, nanging urip. Kapratelakaken ing Bhagawad Gita VI sloka 19, kirang langkung jarwanipun mungel makaten: “Kaya uribing agni manther ora obah ana ing papan kang wis samirana. Mangkono uga Sang Yogi, ubaling pikir kanepakake patrap nyawijekake jiwa manunggal mring Atma.” Ing Pustaka Centhini VII, rinakit ing salebting kidung pupuh 389-520, mungel: “Suksma datan adoh saka dhiri, manggon ing kahenengan, ramening asamun, tebih yen tinebihna, inggih celak yen cinelakna ugi.” Temen. Temenanan. Tinemu.


Tidak ada komentar:

Poskan Komentar