Selasa, 23 Desember 2008

PANUNGGAL JATI

PANUNGGAL JATI

Wewarah nyata kahananing Pangeran, kang binasaake luwih samar, tanpa rupa tanpa suwara, dudu lanang dudu wadon lan dudu wandu, tanpa prenah, tanpa panggonan, dinulu ora katon, didumuk ora karuan.

Iku teteping kahanan ana ing ndalem cipta sasmitaning kang waskita,mula para guru anggone aweh pituduh, kaaumpamakake mengkene :

Sejatine ora ana apa-apa, sakehing wewujudan, rerupan, warna lansesebutan, iku dudu sejati lan dudu panuksmane Pangeran, Dene kang kadunungan panguwasanlan kamulyan ing sabarang kabeh, iku amung ingsun.

Yen durung bisa mengerteni wewejangan mau prayoga den tlateni marsudi maksude surasa, ngimpun sakehing wejangan kabeh, miturut kawruh kang sanyata kaya ingisor iki :

Sadurunge gumelar sakabehing kahanan ing marcapada lan maksapada (donya lan akerat), iku kang disik mung urip kita, jumeneng ana sajroning wiji kang pinggit, sak temene ya urip kita, kang tetep sinuksma ing pageran kita, mula den bisa pada rumeksa ing urip kita pribadi, saran ngati-ati, kang gemi nastiti kang dadi witing pangauripanaja nganti ora bisa jumenegng uripe. Beda kara manungsa kang wis katerima sampurna kawruhe tetep ing pangandel, ora bakal ketempela ing pangrecana, tegese, ora susah ing kaluwen, kamlaratanlan nuju kataman ing lelara, ora wedi tekane pati. Dene kasubut wong lumprah wae, kudu nglakoni pangupaya kang ndadekake santosane uripe.

Dene urip kitaa tetelane menawa nyata rinasuk dening pangeran kita, nyata saka solah bawa kita,iku sejatine terusane saka karsane pangeran kita, mungguh panuksmane pangeran anggone rumasuk ing badan kita.

Uga ana prabedane mungguh wateke kawula lan Gusti.

Dena watake Gusti yaiku : tangi, tuwuk, ayem, parem, sareh iling, tetep, waspada, santosa, bunggah, waras lan raharja.

Dene watake kawula : arip, luwe, ngelak, sahwat,sering lali, bingng, pangling, uwas, susah, lara lan bilahi, kabeh mau saka pakertine pepesten kita pribadi.

Mungguh pratikele menawa arep mangesti utawa manekung, mengkene :

Wiwitane kudu ngurangi mangan, turu lan sahwat, apa dene ngurangi sekabehing kekarepan, ing tengah wengi banjur sesuci raga, adus busana lan geganda, ngedepake keblate dewe, yaiku ing jaja, yen wis tekan wayah bagun esuk banjur pati raga, nutupi pancadriya, nyegah turas, sarip lan sesuker, banjur nata mlebu metune napas, yaiku nareke napas saka puser (napas mlebu) diterusakake munggah ngliwati cekak tekan ing embun-embunan. Narike napas karo nyebut “HU” dibatin wae, sak wise napas saka embun-embunan di enengake sedela, yen wis krasa abot, banjur di wetokake sarana alon-alon tekan ing puser kabarengan nyebut “ALLAH” (ing batin).

Supaya ditindakake saben dina lan wengi, disebut shalat daim / sholat batin, tanpa rekaat tanpa wayah, paribasan shalat ngiras nyambut gawe, lungguh karo mlaku , mlaku karo ndoprok, mlayu karo leren, mbisu karo ngomong, lungo karo turu, turu karo melek, jalaran sholat dhaim iku hakekating sholat, mula tampa rukuk, tampo sujud, amung dumunung ana rahsa telenge urip.

Dene adege ya urip kita pribadi, rukuku pandeleng kita, sujude pangganda kita, iktikate pamiarsa kita, wacane ayat pangrasa kita, lungguhe tetepe iman kita, pujine mlebu metune napas kita, dhikire awas eling kita, keblate marang eneng ening kita, ajo was sumelang maneh.
Mula mengkono sebab jumeneng Dzat, Sifat, Asma, Afngal kita, iku wis dadi qur’an sejati mertandani sejatine shalat kabeh diarani shalat daim.

Dena iptitahe sholat dhaim mengkene :
Niatingsun shalat daim, kanggo salawase urip ingsun, adege ya urip ingsun, rukuke paningal ingsun, iktidale pamiarsaningsun, sujude pangambuningsun, wewacane ayat pangucapingsun, lungguhe tetepe imaningsun, tahyate mantepe tauhidingsun, salame makrifat islamingsun, pepujine mlebu metune napas ingsun, pujine awas elingingsun, keblate adheg eneng-eningingsun, perlu nglakoni wajib saka kodrat-iradatingsun dewe, Mangkana mau pasrah anelangsa sanubari marang dzating urip kita pribadi, wis aja sumelang.

Dene shalat daim iku, menawa disemak karo hakekating rukun islam utawa karo katimbang pikukuhe iman, surasane nunggal misan bae lire mengkene :

Rukun islam ana 5 prakara yaitu :

1. Syahadat, mungguh hakekate ana laku temen dunungge ing wicara, angger nuhoni wicarane ya iku tetepe syahadat
2. Pasa, hakekate ana laku nrima, dumunung ing pangganda, angger marem katandukan ambu, kang menginake (ora ngambu-ambu sakebehe kaelekan) ya iku tetep pasane.
3. Zakat, hakekate ana laku utama, tegese sabar dumunung ana pandulu, angerbisa mbutakake mripat, ya iku nentepi zakat.
4. Shalat, hakekate ana laku utama, tegese sabar dumunung ana ing pangrungu, angger bisa anulekake tanlingan, ya iku anglungguhi shalat.
5. Haji, hakekate ana panalangsa lan nentepi janji, dumunung ana pangrasa lan solah bawa, angger bisa nyirnakake pangrasa lan mati sarira, ya iku ngakoni haji.

Kabeh mau paribasane : lesan mbisu, irung pepet, mripat wuta, kuping tuli, badan mati, yaiku kang nama tetep kuasa nindakake rukun islam sejati, sebab nyata kuasa mati sa jrone urip, urip sajrone pati, ya urip salawase.

Pikukuhe Iman ana 6 prakara yaiku :
1. Percaya ing Allah, hahekate ngestokna uripe jasad kita, sarta rumangsamenawa dadi sipating Allah sejati, lire angger jasad kita tansah sinucenan, sarta sabarang tindak tansah ngenggoni ing kautaman, mengkono mau nama ngandeling Allah.

2. Percaya ing Malaekat, hakekate ngestokake wahyane pandeleng, pamicara, pangganda, pangrasa, pangecap, lire angger kita tansah ngati-atianggon kita matrapake tanduking netya lan wirasa lsp, yaiku hakekate tetep temen-temen ngandel ing malaekate Allah, sebab hakekate malaekat iku dumunung anan sajroning pancadriya yaiku :
Malaekat Jibril AS, dumunung ana ing pangrasa.
Malaekat Mikail AS, dumunung ana ing pangganda.
Malaekat Isrofil AS, dumunung ana ing Pandulu.
Malaekat Ngijrail AS, dumunung ana ing Wicara.

3. Percaya ing utusan, hakekate ngetokna wahanane rahsa, lire angger kuwasa ngendaleni pangrasa lan ngeningake pandeleng lereme cipta mengkono iku tetep temen-temen ngandel utusane Allah.

4. Percaya ing kitab, hakekate ngestokake kahanane nyawa, lire awas lakuning urip uga eling lan ngerti ing dosa kita, mengkono mau angger tansah eling ing batin, yaiku tetep temen-temenpercaya kitabe Allah.

5. Percaya untung ala becik saka Allah, tegese tekane begja cilaka saka Allah, hakekate ngestokakemenawa nafsu iku saka wedharing budi lan pribadi, lire angger enggal pasrah nalangsa marang Dzat kita, ya iku tetep temen-temen ngandel ing takdire Allah.

6. Percaya ing dina Akhir, tegese dina wekasan, hakekate ngestokake ing pepestene pati saka wisesaning Dzat kita pribadi, lire angger karep nindaknaing tekat kita kang santosa, iku tetep temen-temen ngandel ing dina akhir saka wisesaning Allah.


Tidak ada komentar:

Poskan Komentar