Kamis, 25 Desember 2008

WEDARAN SESAJI 8 WARNI WONTEN JANGKA JOYOBOYO

WEDARAN SESAJI 8 WARNI WONTEN JANGKA JOYOBOYO

Werdinipun sasaji 8 warni ingkang kaaturaken dumateng
Prabu Joyoboyo dening Ajar Soebroto


Kacarios, ing Nagari Kediri wonten Nata Agung Binatara ajejuluk Prabu Joyoboyo.

Ing satunggaling dinten, boten angleresi dinten pasewakan, Sang Prabu katamuan Raja Pandita saking Nagari Ngerum, asesilih nama Sech Maulana Ngali Syamoejen.

Sang Prabu kaliyan Sang Raja Pandita lajeng sami imbal wacana, sarasehan bab ngelmi ingkang kaserat ing Kitab Musarar, sasampunipun dumugi anggenipun sarasehan, Sang Prabu mundut uninga babaraning sariranipun.

Sang Raja Pandita ambuka kekeraning gaib, bilih Sang Prabu punika titisipun Sang Hyang Wisnu. Panitisipun sang Hyang Wisnu taksih bade kelampahan kalih rambahan malih, ugi sami tedakepun Prabu Joyoboyo. Sasampunipun wineca, Sang Prabu puruhita dumateng Sang Raja Pandita, lajeng winisik bab ngelmi Cipta-Sasmita. Sasampunipun paripurna pamejangipun, Sang Raja Pandita lajeng muksa.

Wauta watawis sawulan saking rawuhipun Sang Raja Pandita, Sang Prabu Joyoboyo animbali putra ingkang sampun jumeneng Nata ing Kita Pagedongan ajejuluk Prabu Joyomijoyo, kadawuhan anderek cangkramadumateng Padepokanipun Ajar Soebroto ing wukir Padang.

Ki Ajar Soebrota wau ugi sampun nampi wasiyat ngelmi Cipta-Sasmita saking Raja Pandita Sech Maulana Ngali Samsoejen.

Gantos ingkang winursita, ing Padepokan wukir Padang, Ki Ajar Soebroto, lenggah ing pacrabakan den adep para cantrik wasi janggan ulu guntung miwah para endang.

Ki Ajar paring uninga dumateng para siswanipun, bilih ing Padepokan Wukir Padang bade karawuhan Nata Agung Binatara ing Kediri Prabu Joyoboyo kaderekaken putra Nata ing Pagedongan ajejuluk Prabu Joyamijoyo. Para cantrik sakancanipun kadawuhan resik-resik sarta tata palenggahan, dene para endang kadawuhan angrakit sasaji ingkang bade kahaturaken Sang Prabu.

Boten watawis dangun Prabu Joyoboyo tuwin Prabu Joyoamijoyo rawuh ing padepokan wukir Padang, Ki Ajar Soebroto amapakaken rawuhipun Sang Prabu, dene pra cabtrik wasi jajanggan sami andodok ngapurancang sarwi angaturaken sasanti pudyastuti.

Nata kakalih sami ingacaranan, lenggah ing pacraban, Ki Ajar Soebroto angadepi, linggihipun mari kelu kadya konjema ing siti. Ki Ajar Sasampunipun ngaturaken pambagyarja rawuhipun para Nata, lajeng suka sasmita dumateng endang kinen angladosaken sasaji, lumadosipun sasaji wau kasunggi dening para endang.

Menggih warninipun sasaji wau :
1. Kunir sarampang,
2. Juwadad satakir,
3. Sekar Mlati sacontong,
4. Kajar sauwit,
5. Bawang Putih satalam,
6. Geti sapitrah,
7. Endang,
8. Sekar Sruni.

Prabu Joyoboyo anguningani sasaji ingkang kaladosaken, sakalangkung duka salebeting wardaya, awit saestunipun sampun uninga dumateng werdinipun sesaji wau. Nanging sinaosa makaten Sang Prabu meksa andangu Ki Ajar Soebroto, punapa menggah pikajengipun deneangaturaken sasaji ingkang sinandi. Aturipun Ki Ajar, sarehning Sang Prabu punika sampun winisik ngelmi Cipta-Sasmita dening Sang Raja Pandita Sech Maulana Ngali Samsoedijen, mila dipun aturi ambatang piyambak.

Miyarsa aturipun Ki Ajar Soebroto ingkang makaten wau, Sang Prabu kadya sinebit karnanira, jaja bang mawinga-winga, enget panguwaosing Ratu, sigra anarik curiga sinudukaken Ki Ajar Soebroto, sakala angemasi.

Kawuwusa Prabu Jayoamijoyo, anguningani kadadosan ingkang makaten wau sakalangkung ngungun sarta anjetung salebeting panggalih, nanging kabekta saking sanget sungkemipun dumateng Raja-Nata mila ajrih bade mambengana.

Prabu Joyoboyo lajeng anilar padepokan wukir Padang dinerekaken ingkang putra kundur dateng Kediri. Labet saking hardaning rengu, sang Prabu boten wawan sabdo wonten ing margi.

Kacarios, sareng sampun dumugi ing Kadaton Kadiri, Sang Prabu andangu Putra Nata, punapa mangertos dateng sasaji ingkang sinandi wau.

Prabu Joyoamijoyoangaturaken ingkang balilunipun, wusana Sang Prabu lajeng paring pangandika.

²Wruhanira kaki Prabu, marmane panjenengan ningsun amrejaya Ajar Soebrata, awit deweke nandang dosa rong prakara, sapisan dosa marang Ratu, kapindo dosa marang Guru.

Lire kang dosa marang Ratu : Ajar Soebroto kadunungan pikir jail dene sumedya anyupet para Narendra ing tanah Jawa.

Wondene dosa kang tumrap marang Guru : Ajar Subroto duwe watak kumingsun, dene wani-wani ambuka kekeraning gaib kang isih sinandi Hyang Sukma, sarana marsitakake ngelmu sandi kang winisikake dening guruningsun duk ing nguni. Kang mangkono iku kaki, Ajar Soebroto wajib ngadiling Hyang Sukma kudu pinatenan.²

Prabu Joyoamijoyo nembah andeku, ingkang rama lajeng ngandika malih.

Ing samengko sira Ingsun wisik, manawa sejatine Panjenenganingsun iku titise Sang Hyang Wisnu Murti.

Panitisingsun mung kari rong rambahan, katelu ingsun pribadi iki. Sawuse iku Ingsun wus mari angejawantah ing tembe ana nagara Jenggala.²

Iku sun lambangi : Catur nata semunesagara asat, tegese patang nagara yaiku :

1. JENGGALA,
2. KADIRI,
3. NGURAWAN,
4. SINGASARI.

Ratu patang nagara iku isih mbutuhake rumeksa isining bawana, murih rahayune jagad, ingsun winenengake anggempur para angkara murka lawase kongsi satus taun nuli salin jaman. Ingkono ingsun wus tan kena melu-melu, karana ingsun wus pinisah lawan sadulur bapa kakiningsun. Dene prenahing panggonaningsun ginaib ana ing sajroning kekarah tekane guruningsun.

Kaki, ing tembe sapungkuringsun kawruhana, bakal ana jaman pitung prakara.

Sira wajib ameruhana marang turun-turunira, karana sasajine Ki Ajar Soebroto cacah pitung warna, kawulo karo endange, iku dadi samitaning jaman.

Lire kang sawiji-wiji :

1. Kunir Sarampang.

Iku sasmitane jaman Anderpati Kawasesa wekasane jaman. Ratune den lambangi : ²Ganda kentir semuni liman pepeka ². Negarane aran Pakrama Pajajaran, Yudanagara tan anglabeti, pametune bumi duwit mas. Oleh satus taun sirna, awit perang pada kadang.

2. Juwadah satakir.

Iku samitaning jaman Anderpati Kalawisaya. Ratune den lambangi : ²Sri Kala Rajapati Dewanata². Negarane aran Majalengka lawase sepuluh windu. Pametune bumi pcis, nanging lambange : ²Bebasahan datan kongsi tutug kaselak kampuhe bedah².

3. Kembang Mlati sacontong.

Iku sasmitane jaman Kalawisesa. Ratune kekuta ing Glagahwangi, aran nagara Demak. Ing kono salin agama. Raja jagade, panjenengane ratu adil parentahe lan ana ratu pandita kang memuruk agama islam.

4. Kajar sauwit.

Iku sasmitane jaman Kalajangga. Ratune bodo den lambangi : ²Lunga perang putung watange². Kekuta ana Pajang. Barang pratingkahe aniru Demak. Pametune bumi picis lan sandang. Lawase patang windu punjul patang candra nuli sirna.

5. Bawang Putih satalam.

Iku sasmitane jaman Kalasakti. Ratune kekuta ana tanah Mataram. Ratune kang kawitan den lambangi : Sarakah semune lintang sinipat, jadug Senapatine. Nuli linambangan : Kalpa sru kenaka putung. Banjur salin lambang : Kembang sempal semune lebu keketu. Ratune sugih, kuwat perang, kinalulutan ing bala, kineringan ing mungsuh.

Dadi gegetining para : Ajar, Pandita, Wali, Nujum, kagulung dadi sawiji. Ratu sakti ambeg adil para marta, marang dasih.

Pametune bumi reyal, ing kono ana nangkoda dagang nring tanah Jawa, nyuwita ngempek bumi satitik, lawas lawas ambiyantu perang, unggul sesolahe, kedep sanusa Jawa.

6. Geti sapitrah.

Iku sasmitane jaman Dupara. Ratune kekuta ing Wanakarta. Kang kawitan linambangan : Layon keli semune satriya branta.

Ratune abala bacingah, kineringan ing jagad, tumurune kasundang rowang.

Tegese salin ratu sempalan saka akrabe. Nuli salin lambang : Gunung kendeng semuni kenya nusoni. Banjur salin lambangmaneh : Gajah meta semune tengu lelaken. Pametune bumi anggris lan duwit ing kono sangsaya retu negarane, ilang barkating bumi, rusuh tataning peprentahan, wong cilik akeh kasrakat, bilahi matumpa-tumpa datan kena tinambak. Ratune sowang-sowangan, denya ngungsi tan pernah.

Pra Bupati apuyengan, para sentana pating salebar, wong cilik akontrang-kantring tambuh lor kidul.

7. Endang.

Iku samitaning jaman kutila, Ratune angkara murka pindah marang Kuta sala, Linambangan ; Panji loro semune Pajang Mataram. Nangkoda melu masesa praja, sugih banda kaduk wani kurang duga. Para sarjana-sujana kontit.

Wong cilik kawlasasih omah bosak-basih keh katrajang ing dalan gede.

Nangkoda puwa-puwa, cidra lali marang wong Jawa satemah apes kaswasih. Panji loro sirna, nuli rara ngangsu, randa loro nututi pijer tukaran. Pametune bumi duwit, mundak-mundak lir pineres akehe, yen panen datan maregi. Dursila durjana saya andara, wong sugih isi jail tan welas marang kawulane. Mundak taun wuwuh musibating praja. Adiling kukum lan yudanagara datan anglabeti, ratu patraping bebener. Sali-salin paprentahan, kang jujur kontir, kang bandol lulus, kang mulus rampus. Tan ana wahyu nyata, eblis lanat menda-menda wahyu.

Akeh lali marang sanak sadulur lan wong tuwa. Sirna kawiranganing wanita, Wong mati tanpa aji. Nagara rengka, akeh gara-gara, udan salah mangsa, dalajad warna-warna, akeh tontonan salin-salin. Kerep lindu gonjang-ganjing, kerep ana grahana, anutugi ing taun 1881 tanah Jawa potar patir. Kang raharja mung wong rahayu ing budi sarta temen.

8. Kembang Sruni.

Iku sasmitane jaman Kalaguba. Lambange Ratu tunjung putih umure pudak sinumpet. Tegese pudak kasungsang. Karsaning Hyang Sukma akarya buwana balik, anitahake ratu adil aran Raden AMISAN, jumeneng Sultan Herucakra, kekuta ing Katangga Petik, jumenenge datan nganggo sarat sadawir iku wiwite ana pangapura, satemah luwar musibating tanah Jawa. Ratu iku anggelarake dana, lumuh marang donya, asih ing bala. Nangkoda eling nalangsa, nywita manjing anderek pasamuan.

Kang mogok masgul sirna, Sultan Herucakra iku trahing Waliyullah, luwih dening sakti amalat.

Pametune bumi dinar, wong cilik pada kapenak, awit pajeg sewu dinar sinuda mung kari satus dinar.

Sawah sanjung pinajegan sadinar. Dene ratune lumuh marang arta dahare amaung pinanci pitung ewu reyal satahune luwihe saka iku kinaramake.

Akeh para para Sabrang pada nungkul. Saking adiling ratu para wadya lan kawulane pada wedi asih trusing lahir batin.

Besuk yen umure tanah Jawa angancik 1901 taun, ratu dalah karatone ginaib dening Hyang Sukma. Nuli Hyang Sukma anitahake ratu turun Waluyullah, angadaton ana Katongga kajepit ing Karangbaya, kaprenah lorwetaning gunung Prau, sakuloning Tempuran. Ratu iku rinengga ing buwana, luwih harja negarane iku amarengi umuring tanah Jawa ganep 1909 taun.

Sasirnane ratu iku nuli rusuh maneh. Ing tanah Jawa tan karawan tatanane, akeh para Bupati pada lunga marang manca praja asowang sowangan.

Sang Hyang Sukma nuli anitahaken ratu maneh peparab Sang Asmara Kingkin, bagus anom linulutan ing wadya, kadatone ing Kadiri lan Madura jamane harja lan tentrem. Tanah jawa umure wus ngacik 1999, kratone banjur sirna.

Sasirnane rau iku Tanah Jawa rusuh maneh ingkono tanah Jawa rinabasa wong saka nusa Prenggi. Ratu Ngerum ngirimake bebantu angusir wong Prenggi. Rame prang pupuh akeh long-linongan. Awit saka banget rusake tanah Jawa, mula akeh rerusuh. Img kono duta saka Ngerum akarya ratu trahing ratu adil ing Katangga Petik, nanging isih cilik sarta nandang kaswasih angeger buruh angon.

Jumenenge ratu ing Waringin-rubuh tanah Wedi, ingaran nagara Ngamartalaya.

Nalika iku tanah Jawa umure wis ngancik 2042 taun. Jamane den lambangi : Gandrung-gandrung pinggir marga andulu gelung kekendon, tegese akeh para wanita kang pada ngasin turasing kakung. Samana wus tan ana paprangan, wus tan ana angaji-aji keris parung.

Yen tanah Jawa wus ngancik umur 2100 taun, iku wus tumeka pareking kiyamat kobra, pulo Jawa banjur kinelem ing banyu dadi sagara.

Kaki Prabu, wus tutug anggoningsun misik marang sira, ambabarake werdaning sasaji 8 warna kang diaturake dening Ajar Soebroto marang ingsun.


————————————————————————————————
Kapetik saking Buku Serat Jangka Pandoming Agesang.

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar