Sabtu, 03 Januari 2009

SERAT PETHAK

SERAT PETHAK



Dandanggula


01.
Aturipun pathak mring Jeng nabi
lah Jeng Gusti Ngisa Rohullah
pamriksa kula waune
neraka kathahipun
pitung pangkat sedayaneki
warna siksana ing tundha pitu
pangkate nginggil Ian ngandhap
enggangipun lawan sangangatus warsi
inginggil ntiwah ingandhap.



Asmarandana


01.
Kasmaran pathak miyarsi
ing suwara lawat-lawat
mangkana pamiyarsane
sira pathak aneng neraka
ujare ingkang suwara.



Dandanggula


01.
Nabi Ngisa welas amiyarsi
ing pature pathak langkung tobat
umatur ing pakewuhe
sedayane tinutur
ingarsane nabi linuwih
sartane pandirangan
berajog agupuh
aturipun pathak mangkana
sanget tobat amba tan purun nglampahi
anembah dhateng brahala.


02.
Sanggupi pun boten amanggihi
tiyang nglampahi kupurpunika
amba siniksa ing tembe
wonten ing kubur iku
pan amanggih siksa ing ngakir
ing ngakerat langkung mesanat
sakit puniku
punika Jeng nabi Ngisa
inggih punapa ta kersa Gusti
inggih sewu pan tinikelan.


03.
Milanipun Gusti awakmami
anenuwun amba dhateng tuwan
nuwun gesang ing mangke
ing dunya nedha wangsul
pan kawula nunten anglampahi
rinten dalu asalat
amuji myang Agung
punapa parentah tuwan
dhateng amba kawula pesthi netepi
sok uga wageda gesang.


04.
Nabi Ngisa welas aningali
aturipun pathak amelas amiarsa
tanantara nora suwe
angambil toya wulu
nabi aris genya ngabekti
asalat nabi Ngisa anulya sujud
mring Allahu tangala
seklangkung bektine mring Yang Widi
sartane adedunga.


05.
Ya Ilaihi ya sayidina
wa muhklana ika
mak mak dun rapal jawane
ing Pangeran Ingkang Agung
Gusti tuwan amba nenedha
mugi tuwan anguripna
ing pathak anggeluntung
kang Hang kulit dagingnya
mugi wageda wangsul neng dunya malih
kepengin yen nginadah.


06.
Tanantara nabi amiarsi
ing pangundange kang suwara
kapiarsa ing pangundange
ya nabi kang linuwung
nabi Ngisa Rohollah iki
ya pathak kang gemaluntung
kang Hang kulit dagingnya
sun-ideni karepe bekti mring Yang Widi
anembah mring Pangeran.


07.
Milaningsun angideni
penjaluke pathak anedha gesang
sawaba akeh sidhekahe
asih mring pekir kumpul
lawan asih sakehe miskin
dunya Hang rila tan rumangsa gadhuh
tan rumangsa simpen dunya
derma bae amba kerse [...?]
tan rumangsa gadhah dunya.

Ingnginggil punika cuplikan saking serat petak.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar